Bawa:
Mokal Allah yen peputra
Koor:
Mokal kawruh rasul kafir
Ngandika Iman Safi’i (ayo melu)
He Allah kawula nyuwun (ayo melu)
Ngelmu kang dipunlakoni (ya bapak)
Rejeki kathah ingkang kalal
Saha ngamal kang prayoga
Angsala ing ridla Tuwan
Ya Allah Kang Maha Murah
Mokal Allah yen peputra
Mokal kawruh rasul kafir
Ngandika Iman Safi’i (ayo melu)
Raden Ngabdullah wong bagus (ayo melu)
Buron kali mangsa jalmi (ya bapak)
Boya ta angurmatiya
Ingsun ora sae mulih
Salaka ginawa jala
Ingong temah anyeyekti
Mokal Allah yen peputra
Mokal kawruh Rasul kafir
Ngandika Iman Safi’i (ayo melu)
Yen kelakon raganingsun (ayo melu)
Anyekti Ngabdullah benjang (ya bapak)
Baya bunder wis neng sendhang
Sung lus elus rina ratri
Krangean kang munggeng tegal
Lawas nggoning sun anganti
Mokal Allah yen peputra
Mokal kawruh Rasul kafir
Ngandika Iman Safi’i (ayo melu)
Teksa alit ingkang wulung (senggakan: ayo melu)
Mung Ngabdullah dadi ati (senggakan: ya bapak)
Dene sabuk kang curiga
Mundhak branta ati mami
Jae wana atiningwang
Poyang payingan rina ratri
Mokal Allah yen peputra
Mokal kawruh rasul kafir
Ngandika Iman Safi’i (ayo melu)
TURUN
Ingsun ngimanaken
Sakeh malaekat iku
Kawulane Allah
Kang warna-warna rupane
Alah warna-warna ing solahe
Warna-warna ing rupane (alah yae alah)
Ora lanang ora lanang
Ora wadon
Tan sedulur
Tanpa bapa tanpa ibu
Komentar
Posting Komentar