Bawa:
Atur pambagya inggih (SUWUK KENDHANG) kula sedaya
Koor:
Sedayane rencang, rencang kula sedaya
Sagunging piyayi ingkang samya lenggah
Ing papan punika, kula sedaya
Keparenga matur dhateng pra pamriksa
Amugi sedaya paring pangaksama
Nggih punika araning Slawatan Emprak
Methik saking Serat Babad Ambiya
Miturut tuladha Maulud arane
kitab
Tuwin nedhak saking jaman
kina-kina
Mawi nabi sanga kalih malaekat
Nggih Raden Muthalib lan dipatya
Anenggih Slawatan saking
paguyuban
Ingkang manggen wonten ing dhusun
Gejawan
Sampun paripurna menggah atur
kula
Amugi lestantun ing salaminya
https://www.youtube.com/watch?v=2403fAV7O7k

Komentar
Posting Komentar