Bawa:
Aden sami ngimanaken
Koor:
Gunging umat
Aden sami ngimanaken
Sipat papat
Ingkang mungguh mring Hyang Widi
Dhihin sipat
Jalal kamal lan tri kamal
Lawan sipat kohar
Kohar iku kang tumemen
Inggih umating Hyang
Aden sami ngimanaken
Ing Muhammad
Nenggih ratuning Ambiya
Lawan para
Ambiya para utusan
Wiosipun Gusti Timur
Penglarasan lir jinaka
Gunging umat
Aden sami ngimanaken
Sipat papat
Ingkang mungguh mring Hyang Widi
Dhihin sipat
Jalal kamal lan tri kamal
Lawan sipat kohar
Kohar iku kang tumemen
Cahyanira
Sang raja amaya-maya
Luwih bagus
Sajagat tan ana padha
Ingkang warna
Saklangkung tan ana memba
Wiosipun sang taruna
Wioispun sang atmaja
Gunging umat
Aden sami ngimanaken
Sipat papat
Ingkang mungguh mring Hyang Widi
Dhihin sipat
Jalal kamal lan tri kamal
Lawan sipat kohar
Kohar iku kang tumemen
TURUN
He syeh he syeh kita
Iya kekasihe
Kekasihe Gusti Allah
Ingkang mulya
Ingkang mulya nabi kita
Ratu adil para marta
Wios wiosipun
Iya sang pandrema
Kinawunging wiwit mulya
Mangkonoa
Mangkonoa datan ana
Datanana ingkang nedya
He syeh he syeh kita
Iya kekasihe
Kekasihe Gusti Allah
Ingkang mulya
Ingkang mulya nabi kita
Ratu adil para marta
Wios wiosipun
Iya bangsa ngalim
Tedhakira besanira
Bangsa agung
Bangsa agung bangsa mulya
Bangsa agung ing ngalam donya
He syeh he syeh kita
Iya kekasihe
Kekasihe Gusti Allah
Ingkang mulya
Ingkang mulya nabi kita
Ratu adil para marta




Komentar
Posting Komentar