Karana kagerus dening budaya manca (modern), akeh budaya tradisi kang ilang tanpa lari. Ora mung kabudayan, kesenian tradisi uga mung kari jeneng lan dadi pangeling-elinge para sepuh. Sawetara, para putra kang lair ing jaman milenial akeh kang ora tepung marang seni tradisi warisan leluhure. Pantes menawa para putra ora bisa wangsulan menawa ditakoni perkara seni Srandhul, Dhadhungawuk, Wayang Thengul, Emprak, lan sapiturute.
Ngadhepi kasunyatan marang nasibe kesenian tradisi kang tansaya suwe tansaya musna ing bumine dhewe ora mung cukup ngelus dhadha, nanging kudu budidaya kepiye anggone nguripke lan ngrumbakake. Kanthi mengkono kagadhang supaya para putra gelem tepung, tresna, lan gelem ambyur ing jagate seni tradisi.
Kang Jalari Matine Emprak
Tan beda Srandhul, Dhadhungawuk, lan Wayang Tengul; Emprak uga sawijine seni (teater) tradisi kang nasibe ora mujur. Emprak bisa diarani “mati” sadurunge tumekane abad milenium. Matine Emprak karana ora ana tanggapan kanggo hajatan (mantu, kitanan, tetesen, kelairan bayi) utawa ngregengke dina pengetan. Saengga akeh paguyuban Emprak ing Daerah Istimewa Yogyakarta (mligine, Kabupaten Sleman) kang bubar tanpa kabubarake
Salah sijine paguyuban Emprak kang ora tau manggung kawit taun 1990 yaiku Langen Ambiya. Paguyuban Emprak lan Slawatan Jawa kang manggon ing dhusun Gejawan Kulon, Balecatur, Gamping, Sleman, Yogyakarta. Paguyuban kang duksemana dipangarsani Amat Dinama (almarhum) kasebut tau moncer natkala taun 1960-1990, karana asring manggung ing tlatah Sleman lan Bantul.
Seni tradisi Emprak kang mbabar crita roman yaiku patemon lan dhaupe Abu Sopyan kulawan Retna Indasah sartane Raden Abdullah kulawan Siti Aminah kasebut kapethik saka Serat Ambiya. Kejaba crita roman, wewarah Islam kang sinirat sajrone lakon iku nimbulke rasa sengseme para pamirsa.
Karana ngugemi pakem, banjur tuwuh unen-unen: “Emprak ora ilok menawa kagarap dadi seni gagrak anyar.” Mula, masarakat kang ora dhemen nonton seni kang mung ngugemi pakem wiwit ninggalake Emprak. Satemah seni tradisi kasebut mati, amarga dijarke wektu sekarat dening para sutresnane
Nguripke Emprak Kawiwitan Saka Slawatan
Senajan Emprak sinebut wis mati, nanging Paguyuban Langen Ambiya isih duweni napas. Wiwit paro taun 2020, Langen Ambiya kang duwe krentek anggone bakal nguripake Emprak ngumpulke anggotane kang isih sugeng. Rembug anggota mutuske menawa Emprak bakal diuripke meneh kanthi kawiwitan gladhen Slawatan Jawa kang lelagon lan cakepane kapethik wutuh saka Serat Ambiya.
Menawa gladhen Slawatan Jawa kang diadani saben malem Minggu Legi iku ngasilke karya-karya kang sampurna, mula gladhen Emprak bisa kawiwitan. Karana Slawatan Jawa, miturut Sarwoto (pimpinan Slawatan-Emprak Langen Ambiya), dadi iringan lan rohe pemanggungan Emprak.
Apa kang ditindake dening Paguyuban Langen Ambiya kanggo nguripake kesenian tradisi, mligine Emprak, pantes tinuladhan dening paguyuban-paguyuban liyane. Kejaba kuwi, kupiya kasebut pantes sinengkuyung dening Dinas Kebudayaan Sleman lan Dinas Kebudayaan Daerah Istimewa Yogyakarta. Amarga panyengkuyung kang kagadhang bisa nguripake Emprak saka kuburane iku bisa dadi sarana murih para putra tepung lan tresna marang warisan leluhure. (Agus Suprihono, penulis sastra Jawa)

Komentar
Posting Komentar