Bareng gumantine
jaman, akeh kesenian tradisi kang kantaka. Kepara saperangan kesenian tradisi
ilang tabete. Ora bisa ditonton maneh. Mula lumrah menawa generasi milenial kang urip ing jaman digital (jaman modern) ora
tepung marang kesenian kang diwariske leluhure dhewe.
Karana wis
lampus, saperangan kesenian tradisi
ora dimangerteni maneh dening generasi
milenial. Kesenian kasebut kayata: Srandhul, Dhadhung Awuk, Kethoprak
Lesung, Wayang Beber, Emprak, lan liya-liyane. Sawetara kesenian kang isih bisa
ditonton karana dileluri dening senimane, ing antarane: Wayang Purwa, Jathilan
(Kudha Lumping, Jaranan, Turangga Yaksa, Jaran Kepang, Ebek), Kethoprak, lan mligine
Slawatan.
Ing laladan
Daerah Istimewa Yogyakarta, Slawatan isih dileluri dening senimane. Pratela iki
bisa dibukteke kanthi anane adicara Festival Slawatan ing laladan Kabupaten
Gunungkidul. Slawatan uga isih digladhi dening saperangan paguyuban ing Kabupaten
Bantul lan Kabupaten Sleman. Mligine ing Gejawan Kulon, Balecatur, Gamping,
Sleman, Yogyakarta.
Paguyuban Slawatan Langen Ambiya
Langen Ambiya
sawijine paguyuban Slawatan kang manggon ing Gejawan Kulon. Paguyuban kang
madeg taun 1960 iku isih lestari tumekeng saiki. Iki karana pengurus lan
anggotane isih duwe kawigaten marang lestari lan ngrumbakane Slawatan. Kesenian
tradisi kang ora mung bisa nglipur ati, nanging uga aweh piwulang luhur kang
sinerat ing Babad Ambiya. Mula saka iku, Slawatan dadi sawijine media rekreatif lan edukatif.
Duk semana,
Slawatan kang digladhi dening Paguyuban Langen Ambiya awujud Slawatan Emprak.
Sinebut mengkono karana slawatan dadi iringan seni drama tradisional Emprak
kang nyaritake dhaupe Raden Abu Sopyan kalawan Retna Indasah sarta dhaupe Raden
Ngabdullah kalawan Siti Aminah tumekeng laire Nabi Muhammad SAW.
Amarga dadi
iringan Emprak, Slawatan ora mung migunake alat musik kang kagawe saka lulang
sapi lan kayu nangka kayata kendhang batangan, gong, kempul, kethuk, kenting;
nanging uga migunake keprak. Dening dhalang Emprak, keprak kanggo nuntun jogede
para paraga natkala beksa sadhuwure panggung. Nanging sawuse Slawatan dadi seni
mandhiri, keprak ora dipigunake. Kanggo nuntun alat musik liyane sarta kidungan
slawatan migunake kendhang.
Senajan tanpa keprak,
Slawatan basa campuran Jawa-Arab kang kinidungake kanthi suwara ngelik kasebut
bisa gawe tentreme rasa. Bisa nyedhake rasane manungsa kalawan Rosul lan Gusti-ne.
Malah ana anggota paguyuban kang lagi nandhang lara asam lambung mari natkala
nylawat. Mula iku, Slawatan bisa dadi sarana nyumelehake jiwa lan ngusadani
raga.
Nglelimbang mupangate
kang gedhe, ora mokal menawa Paguyuban Slawatan Langen Ambiya kang dipangarsani
Sarwoto tetep lestari engga saiki. Lestarine paguyuban karana pengurus lan
angotane ngrumangsani menawa Slawatan sawijine warisan para leluhur kang pantes
dilestareke lan dingrumbakake. Kanthi pangajab, Slawatan bisa lana ing
samadyane seni modern kang luwih digandrungi dening generasi milenial.
Ngrumbakane Slawatan Perlu Disengkuyung
Lestarine
Paguyuban Slawatan Langen Ambiya ing tlatah Gejawan Kulon pantes diacungi
jempol. Ngelingi akeh paguyuban Slawatan ing tlatah Sleman kang mung kari
jeneng. Amarga ora ana kupiya regenerasi
sawuse saperangan anggota paguyuban kang wasis nylawat manggon ing alam
kelanggengan.
Kasunyatan kang
magepokan kalawan sangsaya sudane paguyuban Slawatan bisaa dudut kawigatene
Dinas Kebudayaan Sleman sarta Dinas Kebudayaan Daerah Istimewa Yogyakarta. Kawigaten
kang banyu mili. Ora mung kandheg ing tutur, nanging uga uwur lan sembur.
Komentar
Posting Komentar