Karana tansah
kagerus dening kabudayan modern,
kabudayan Jawa tansaya ilang tabete. Mula aja gumun menawa para mudha dalah
para putra kang asring kasebut generasi milenial
iku ora mangerti marang warisan budaya leluhure. Kalebu seni tradisi kang dadi
perangane budaya iku ora bisa ditonton meneh dening bocah-bocah saiki kang
luwih dhemen nonton video lantaran android-e.
Akeh seni
tradisi kang wis kantaka, menawa ora gelem diarani sekarat utawa mati.
Kantakane seni tradisi amarga wus akeh kang ora gelem ngleluri, apa meneh
ngrumbakake. Mula aja diluputke menawa generasi
milenial ora tepung karo saperangan seni tradisi, kayata: srandhul,
dhadhung awuk, dhalang jemblung, emprak, kethoprak lesung, wayang beber, wayang
tengul, sartane wayang wong.
Pancen akeh seni
tradisi kang isih bisa ditonton dening generasi
milenial, kayata wayang kulit, kethoprak, angguk, jathilan, utawa slawatan.
Nanging menawa tan antuk kawigaten linuwih dening para sepuh sartane ingkang
kawogang kayata Dinas Kebudayaan, seni tradisi kasebut bisa dipestheke musna.
Slawatan
Slawatan kang
asring kasebut sholawatan kalebu seni tradisi kang pantes dileluri lan
dingrumbakake. Menawa ora antuk kawigaten, slawatan uga bisa kantaka. Malah
kepara kayadene seni tradisi liyane, slawatan bisa musna sajroning jagade seni
lan kabudayan Jawa.
Lelandhesan
jinise, slawatan kaperang dadi loro yaiku slawatan srokal lan slawatan emprak.
Menawa katitik basane, slawatan kaperang dadi telu yaiku slawatan Arab,
slawatan Arab-Jawa, lan slawatan Jawa. Senajan beda aran lan basane, slawatan
migunake limang werna alat musik kang ginawe saka kayu nangka, penjalin, sartane
kulit sapi. Saliyane kendhang, wujud alat musik slawatan kaya terbang.
Sajroning
slawatan, mligine slawatan srokal, kalimane alat musik nglambangke rukun Islam
yaiku sahadat, salat, pasa, zakat, lan haji. Sawetara sajroning slawatan
emprak, kejaba kalima alat musik kasebut, isih ana keprak kang kagawe saka kayu
utawa pring. Sakabehe iku nglambangke rukun iman.
Slawatan kang
kinidungke kanthi swara ngelik kanggo gayuh swasana sakral kang tlonjonge bisa
gawe tentreme ati. Amarga natkala nylawat, para wiraswara bisa ngrasakke
patemone jagat cilik (aku) lan jagat gedhe (Ingsun). Sajroning sufistik Jawa, Ingsun
bisa dimaknani Hyang Manon kang reraton sajrone jiwane manungsa. Ora mokal
menawa kidung slawatan tansah aweh pangalembana marang Pangeran Kang Murbeng
Jagad dalah Kangjeng Nabi Muhammad SAW.
Langen Ambiya
Langen Ambiya
sawijine paguyuban slawatan Jawa kang manggon ing dhusun Gejawan Kulon,
Balecatur, Gamping, Sleman, Yogyakarta. Lantaran Langen Ambiya, Sarwoto kang
mangarsani paguyuban duweni ancas angleluri sarta ngrembakake seni slawatan
kang paguyubane tansaya suda wilangane ing tlatah Kabupaten Sleman.
Paguyuban
Slawatan Langen Ambiya kang duwe anggota ing antarane: Tur Iswanto, Wahyudi,
Masidi, Kismadi, Sartono, Boimin, Sukadirin, Mugiharjo, Madiyono, Suparman, Sri
Waluya, Novan, Kamadi, Slamet Riyadi, lan Sarjito duwe gegayuhan luhur. Kejaba angleluri
sarta ngrembakake slawatan, Langen Ambiya dadi sarana syiar Islam. Ing pangajab supaya sakabehe anggota lan sapa wae kang
ngresepi kidungan slawatan tansaya cedhak marang Gusti-ne. Ngedohi laku kang nyimpang
saka wewarah agama.
Lelandhesan
marang kang wus kaandharake, muga-muga Paguyuban Slawatan Langen Ambiya kang
madeg kawit taun 1970-an nganti lestari tekan saiki bisaa mecut marang
paguyuban-paguyuban slawatan liyane supaya enggal gumregah sawise turu kepati.
Kejaba kuwi, muga-muga seni tradisi liyane eling sawise kantaka.
Kegayuhan kanggo
nguripke, ngleluri sarta ngrumbakake seni slawatan ora mung dadi tanggung
jawabe paguyuban kang isih lestari, nanging uga lembaga-lembaga pemerintah
kayata Dinas Kebudayaan Sleman, Dinas Kebudayaan Daerah Istimewa Yogyakarta,
dalah dinas-dinas kebudayaan liyane. Menawa paguyuban lan dinas kebudayaan bisa
manunggal sedya, gegayuhan anggone bakal ngrumbakake slawatan bisa kaleksanan. Ora
mung dadi impen endah ing wayah awan.
Paguyuban Slawatan Jawa Langen Ambiya saking dhusun Gejawan Kulon, Balecatur, Gamping, Sleman, Ngayogyakarta ngaturaken Sugeng Ambal Warsa 2022 Masehi. Mugi-mugi, warsa enggal punika dadosaken purwaka lestantun tuwin ngrembakanipun seni slawatan ing tlatah Kabupaten Sleman mliginipun tuwin tlatah Daerah Istimewa Yogyakarta umumipun. (Sumiatun, S.Pd, M.Pd)
Komentar
Posting Komentar