Bawa: Mokal Allah yen peputra Koor: Mokal kawruh rasul kafir Ngandika Iman Safi’i (ayo melu) He Allah kawula nyuwun (ayo melu) Ngelmu kang dipunlakoni (ya bapak) Rejeki kathah ingkang kalal Saha ngamal kang prayoga Angsala ing ridla Tuwan Ya Allah Kang Maha Murah Mokal Allah yen peputra Mokal kawruh rasul kafir Ngandika Iman Safi’i (ayo melu) Raden Ngabdullah wong bagus (ayo melu) Buron kali mangsa jalmi (ya bapak) Boya ta angurmatiya Ingsun ora sae mulih Salaka ginawa jala Ingong temah anyeyekti Mokal Allah yen peputra Mokal kawruh Rasul kafir Ngandika Iman Safi’i (ayo melu) Yen kelakon raganingsun (ayo melu) Anyekti Ngabdullah benjang (ya bapak) Baya bunder wis neng sendhang Sung lus elus rina ratri Krangean kang munggeng tegal Lawas nggoning sun anganti Mokal Allah yen peputra Mokal kawruh Rasul kafir Ngandika Iman Safi’i (ayo melu) Teksa alit ingkang wulung (senggakan: ayo melu) Mung Ngabdul...
Gejawan Kulon, Balecatur, Gamping, Sleman, Yogyakararta