Karana kagerus dening budaya manca ( modern ), akeh budaya tradisi kang ilang tanpa lari. Ora mung kabudayan, kesenian tradisi uga mung kari jeneng lan dadi pangeling-elinge para sepuh. Sawetara, para putra kang lair ing jaman milenial akeh kang ora tepung marang seni tradisi warisan leluhure. Pantes menawa para putra ora bisa wangsulan menawa ditakoni perkara seni Srandhul, Dhadhungawuk, Wayang Thengul, Emprak, lan sapiturute. Sayektine sekarate (menawa ora gelem disebut mati) seni tradisi gumantung marang para sepuh. Kejaba kurang wasis anggone nepungake kesenian tradisi marang para putra, uga puguh anggone jaga keasliane. Saengga seni tradisi kang ora ngrumbaka kanthi linandhesan nut jaman kelakone iku ora bisa narik kawigatene para putra. Cekake atur, para putra luwih kesengsem marang kesenian pop (modern) ketimbang seni tradisi kang kaanggep kuna. Ngadhepi kasunyatan marang nasibe kesenian tradisi kang tansaya suwe tansaya musna ing bumine dhewe ora mung cukup ngelus dhadha, nang...
Gejawan Kulon, Balecatur, Gamping, Sleman, Yogyakararta