Langsung ke konten utama

Postingan

Menampilkan postingan dari September, 2022

LANGEN AMBIYA: MANUNGGAL SEDYA NGRUMBAKAKE SLAWATAN JAWA

Karana tansah kagerus dening kabudayan modern , kabudayan Jawa tansaya ilang tabete. Mula aja gumun menawa para mudha dalah para putra kang asring kasebut generasi milenial iku ora mangerti marang warisan budaya leluhure. Kalebu seni tradisi kang dadi perangane budaya iku ora bisa ditonton meneh dening bocah-bocah saiki kang luwih dhemen nonton video lantaran android-e. Akeh seni tradisi kang wis kantaka, menawa ora gelem diarani sekarat utawa mati. Kantakane seni tradisi amarga wus akeh kang ora gelem ngleluri, apa meneh ngrumbakake. Mula aja diluputke menawa generasi milenial ora tepung karo saperangan seni tradisi, kayata: srandhul, dhadhung awuk, dhalang jemblung, emprak, kethoprak lesung, wayang beber, wayang tengul, sartane wayang wong. Pancen akeh seni tradisi kang isih bisa ditonton dening generasi milenial , kayata wayang kulit, kethoprak, angguk, jathilan, utawa slawatan. Nanging menawa tan antuk kawigaten linuwih dening para sepuh sartane ingkang kawogang kayata Dinas Kebu...